Postingan

Contoh TEKS NARASI

      KEDADEYAN ING KAMAR MANDHI Sawise sawetara anggonku ngobrol karo Pak Jaya, aku banjur pamit menyang kamar mandhi. Aku kelingan yen durung sholat Isya. Aku mangkat wudhu. Nalika aku wudhu, krasa yen ana tangan kang ngelus-elus gegerku. Aku kaget banget. Batinku, iki mesthi Pak Jaya kang ngelus-elus, mulane dakjarke wae. Nanging… yen astane Pak Jaya kok kasar banget lan …abot banget kaya beras seket kilo. Atiku sansaya mrinding. Ora watara suwe, ana swara glodhak…aku kaget banget lan njumbul. Dakkira kucing utawa tikus, nanging kok ora wujude. Githokku mrinding lan anyep kabeh awakku.  Aku arep mbengok mesthi sing padha sare kaget. Aku meneng wae, nanging … jantungku kaya-kaya copot. Watara samenit anggonku ngleremake rasa jirihku, aku banjur mbukak kran saprelu wudhu maneh. Kran dakbukak, banyu mili lan aku wudhu. Nalika aku masuh rai  lan tangan, githokku mrinding lan mambu wangi-wangi. Kaya-kaya ana kang nyekeli gegerku maneh lan ngelus-elus sirahku. Aku ...