Contoh TEKS NARASI
KEDADEYAN ING KAMAR MANDHI
Sawise sawetara anggonku ngobrol karo Pak Jaya, aku banjur pamit menyang kamar mandhi. Aku kelingan yen durung sholat Isya. Aku mangkat wudhu. Nalika aku wudhu, krasa yen ana tangan kang ngelus-elus gegerku. Aku kaget banget. Batinku, iki mesthi Pak Jaya kang ngelus-elus, mulane dakjarke wae. Nanging… yen astane Pak Jaya kok kasar banget lan …abot banget kaya beras seket kilo. Atiku sansaya mrinding. Ora watara suwe, ana swara glodhak…aku kaget banget lan njumbul. Dakkira kucing utawa tikus, nanging kok ora wujude. Githokku mrinding lan anyep kabeh awakku. Aku arep mbengok mesthi sing padha sare kaget. Aku meneng wae, nanging … jantungku kaya-kaya copot. Watara samenit anggonku ngleremake rasa jirihku, aku banjur mbukak kran saprelu wudhu maneh. Kran dakbukak, banyu mili lan aku wudhu. Nalika aku masuh rai lan tangan, githokku mrinding lan mambu wangi-wangi. Kaya-kaya ana kang nyekeli gegerku maneh lan ngelus-elus sirahku. Aku tetep nerusake wudhu. Nanging… nalika aku arep nerusake ngusap setengah sirah, tanganku krasa yen ana kang nyekeli. Rasane abot banget. Sapa kang nyekeli, aku ora ngerti. Ora let suwe, lawang kamar mandhi mbukak dhewe ing mangka maune katutup rapet lan Pak Jaya isih ing kamar ngarep. Dher… dher, glodhak keprungu swara lawang dibalang wong. Ora let suwe nalika aku nyedhaki lawang mau, sirahku malah kathuthuk lawang sabanter-bantere. Mbok menawa iki mung perasaanku wae amarga wis kesel lan ngantuk. Senajan ngantuk kedadeyan iki bener-bener dakalami ing kamar mandhi mau.
“ Bapak sampun wudhu?” Mangkono pitakonku.
“ Sampun Mas. Wonten kran ngajeng.” Mangkono katrangane Pak Jaya. Wusana aku lan Pak Jaya sholat, dene Pak Jaya kang dadi imame.
Atiku isih gumun karo kedadeyan kang nembe wae dakalami. Batinku muni, Pak Jaya jebule wudhu ing kran ngarep ora ing kran mburi cedhak kamar mandhi. Atiku sansaya wedi. Dadi piyayi sing ngelus-elus gegerku mau nalika aku wudhu dudu Pak Jaya. Lha terus sapa? Mangkono batinku takon.
Sawise sholat rampung aku banjur lungguh maneh ing ruang tamu. Aku isih kelingan kadadeyan ing kamar mandhi. Jam wis nuduhake angka 1. Aku bola-bali angop pertandha ngantuk banget. Watara sedhela, Pak Jaya rawuh.
“ Sampun ngantuk, Mas?” Pitakone Pak Jaya cekak.
“ Sampun kok, Pak.” Wangsulanku kanthi ngenggoni subasita.
“ Menawi sampun ngantuk, Mas tilem wonten kamar ngajeng menika, dene kula kamar sisihipun.” Mangkono Pak Jaya anggone nerangake marang aku.
“ Kula…kula nyuwun wangsul kemawon, Pak.” Mangkono anggonku matur kanthi rasa wedi.
“ Kok sajak ajrih wonten menapa, Mas?” Mangkono pitakone Pak Jaya maneh.
“Boten… boten wonten menapa-menapa, Pak.” Wangsulanku ngemu rasa wedi kang ora bisa daktutupi.
“Ajrih tilem piyambak nggih? Boten wonten menapa kok, Mas.” Mangkono panglipure mantan guruku kanthi alus lan tresna banget kaya dene marang putrane dhewe.
“ Ng…nggih, Pak. Kula ajrih sanget.”
“Wonten menapa. Mas? Griya kula boten wonten menapa-menapanipun.” Mangkono panglipure Pak Jaya.
“ Nanging… “
“ Nanging kados pundi, Mas. Menapa dipunkancani Bapak?”
“ Nggih, Pak. Kula saestu ajrih.”
“ Manawi makaten, mangga kula kancani.”
Aku banjur menyang kamar lan dikancani Pak Jaya. Mripatku ngantuk banget. Bola-bali aku angop. Aku turu ing dhipan, Pak Jaya ora sare mung pinarak ing sisihku. Senajan aku ngantuk banget, nanging aku durung bisa turu amarga saking kesele lan kagawa rasa wedi ngelingi prastawa/peristiwa kang dumadi ing kamar mandhi. Prastawa iki ora dakcritakake Pak Jaya amarga aku wedi Pak Jaya mengko bisa tersinggung. Aku meneng wae. Mripatku dakcoba dakremake nanging angel banget. Sikilku krasa pegel banget amarga wiwit esuk nganti bengi tansah mubeng ngalor ngidul sakiwa tengene Malioboro nganti tuntas. Pak Jaya isih pinarak ing sisihku saprelu ngancani aku.
Semoga bermanfaat 🙏🙏
BalasHapus